PASINAON KELAS XI
Standar Kompetensi : 1.Mampu Mendengarkan dan memahami wacana lisan nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar : 1.a Mendengarkan sambutan/sesorah
SESORAH
Sesorah yaiku pedamelan micara wonten ngajengipun tiyang kathah kanthi ancas (tujuan) tartamtu. Dene tiyang ingkang nindaake sesorah/medhar sabda sinebut pamedhar sabdo.
Miturut ancasipun sesorah wonten 5 jinis, yaiku…
1. Persuatif : pangajak
2. Argumentatif : ngyakinake pemaos
3. Informatif : paring pangertosan
4. Deskriptif : paring gambaran
Metode Sesorah wonten 4, yaiku …
1. Impromptu : spontanitas
2. Naskah
3. Ngapalake
4. Ekstemporan : gawe cengkorongan
Istilah Wektu Jawa :
1. Wayah esuk : enjang
2. Wayah awan : siyang
3. Wayah sore : sonten, sandyekala
4. Wayah bengi : dalu, ratri
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar : 2.b Berdialog sesuai dengan tingkat kesantunan.
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Basa Jawa kaperang dadi 2, yaiku :
1. Basa Ngoko :
a. Ngoko lugu : yaiku tingkatan basa sing paling endep
Fungsi : kanggo kanca raket, kanca seumuran, wong tua marang wong nom.
Contoh : nyong arep melu latihan geguritan.
b. Ngoko alus : campuran basa ngoko lugu lan karma alus.
Fungsi : kanggo wong sing sadrajat. Contoh : guru karo guru.
Contoh : Panjenengan arep kondur jam pira, Pak?
2. Basa Krama :
a. Karma lugu : tingkatan basa no 2, dingo kanggo wong sing tembe tepung (tembe kenal)
Contoh : sampeyan sampun nedha?
b. Karma Alus : tingkatan basa no 3, sing paling dhuwur. Dinggo kanggo wong nom marang wong tua. Contone bapak/ibu marang putrane.
Contoh : Bu Guru duka, amargi rencang kula boten garap PR.
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf latin maupun Jawa dengan berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar : 3.c Tembang Macapat
TEMBANG MACAPAT
Tembang Macapat yaiku, tembang kang pinathok guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Basane nganggo basa Jawa anyar. Bisa mandheg dhewek tanpa iringan gendhing.
1. Guru gatra : cacahing larik saben sapada
2. Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasan gatra. / dong ding swara / sing dijukut aksara vocal pungkasan.
Tembang Macapat kaperang dadi 11
1. Maskumambang : 4 gatra : awatak nelangsa.
2. Pocung : 4 gatra : awatak kendho.
3. Megatruh : 5 gatra : awatak sedhih, melas, priatin.
4. Gambuh : 5 gatra : awatak wani,kulina, rumaket.
5. Mijil : 6 gatra : awatak rasa, mituturi, kanggo mangayuh bagya.
6. Kinanthi : 6 gatra : seneng, tresna, asih.
7. Durma : 7 gatra : awatak galak, nantang, nesu, muntab.
8. Pangkur : 7 gatra : awatak sereng, kejem, nantang.
9. Asmarandana : 7 gatra : awatak sedhih, kesengsem, priyatin. Kanggo cerita sedhih lan kasmaran.
10. Sinom : 9 gatra : awatak grapyak, renyah, semanak.
11. Dhandhanggula : 10 gatra : awatak kewes, luwes, lan resep.
TEMBANG CAMPURSARI
Campursari yaiku, padhuan antara alat music tradhisional (gamelan Jawa) lan alat music modern. Sejarah campursari :
1. Tahun 1960-an diwiwiti dening penyanyi langgam Jawa terkenal yaiku Waldjinah.
2. Tahun 1980-an dipopulerna dening Manthous kanthi nglebokna unsur musik keyboard maring orkestra gamelan.
3. Tahun 2000-an campursari ngrembaka cepet kanthi mlebu unsur-unsur anyar kroncong, dandut campuran gamelan.
Tokoh-tokoh campursari sing wis kondhang yaiku, Manthous, Didi Kempot, Nurhana, Anik Sunyahni, Sulasmi, Koko Thole, Cak Dikin, Sonny jos lan lia liane.
Contoh tembang campursari : sewu kutho, layang kangen, cinta tak terpisahkan, alun –alun nganjuk, stasiun balapan, gandrung, aja lamis lan lia-liane.
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan sastra maupun nonsastra menggunakan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar : 4.b Menulis Parikan dan atau wangsalan.
PARIKAN
Parikan ing basa Melayu diarani pantun. Parikan yaiku unen-unen rong bageyan, bageyan sing sepisan diarani sampiran dene bageyan kapindho diarani surasa.
Isine parikan kang lumrah ngemot bab-bab :
1. Pitutur
2. Pasemon/sindiran
3. Ngala-ngala
4. Guneman lumrah
Parikan kaperang dadi 3 yaiku :
1. Parikan gatra alit
Yaiku, parikan sing saben sagatra mung kedadeyan saka 4 wanda.
Tuladha :
· Manuk glatik, mabur dhuwur
Luwih becik, budhi luhur
· Godhong tales, yakuwe lumbu
Aja males, yen sinau
2. Parikan gatra ageng
Yaiku, parikan sing saben gatrane kedadeyan saka 8 wanda.
Tuladha :
· Esuk nembang sore nembang
Tembange asmarandana
Esuk ngandhang sore ngadhang
Sing diadhang ora teka
3. Parikan sing tanpa paugeran
Yaiku, parikan sing ora nggunakake paugeran no 1 lan 2
Tuladha :
· Suwe ora jamu, jamu godhong tela
Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela
WANGSALAN
Wangsalan asale saka tembung wangsulan. Wangsalan tegese unen-unen, kaya dene cangkriman kang wangsulane (batangane) wis disebutna senajan urung patia cetha.
Tuladha :
· Setto cokan mbalung klapa, ana wong liwat ethok-ethok ora ngerti.
Wangsulane : bathok
· Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Wangsulane : so
0 komentar:
Posting Komentar