Jumat, 10 Februari 2012

Remen Basa Jawa


BAHAN AJAR BAHASA JAWA

Kelas               : X / INTI
Semester          : 1
PASIONAN 3
CRITA LUCU

Standar Kompetensi   :  Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan melalui berbicara, bertelepon, dan berdialog dalam rangka bahasa jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai
Kompetensi Dasar       :  Bercerita
Indikator                     :  Menceritakan pengalaman lucu atau paling mengesankan dengan pilihan kata yang sesuai dan menarik
                                      
CRITA LUCU
Critalucu sering uga diarani anekdot. Anekdot adate critasing paragane tokoh-tokoh sing kawentar. Anekdot bisaane kajukut sekang kedadean temenan, sing dialami neng tokoh utawane piyayi. Anekdot wujude critacekak sing tujuane aweh ngerti watek sing nyengsemaken utawane aneh kang dilakoni salah sijine wong. Mergane nyengsemaken bisaane ceritane dadi lucu.
Critadiarani lucu mergane bisa merguyokaken wong sing ngrungokna. Wong bisa ngguyu menawa krungu critasing surasane aneh utawane ora tinemu ngakal, umpamane        ana wong critamenawa dheweke bisa nilem suwene nganthi telung jam ora nganggo alat kanggo nyilem, paragane bodho bisa uga merguyokaken, paragane cilaka uga bisa marakna wong ngguyu, umpamane bae nek weruh wong kepleset.

WACANA
SAIMIN
Saimin kalebu wong sing uteke kurang waras, nanging biyunge tresno banget karo dheweke. Wektu sore, srengengene wis meh kanclep neng sisih kulon. Kewan-kewan wis padha bali maring kandhange. Nanging saimin esih seneng dolanan ing ngisor wit nangka sing rungkut. Nang ngisor wit nangka ana bangkune, Saimin njagong tingkrang neng bangku karo nyekeli bilah. Persis kaya wong lagi mincing.
Min, bali wis sore!” Biyunge Saimin celuk-celuk.
“Mengko yung, lagi akeh sing mangan.” Wangsulane Saimin karo nyendal bilah.
Biyunge Saimin ngundang maning “Min, bali wis sore!”
“Yung, aja merek-merek aku lagi mancing, kaline jero.” Wangsulane Saimin.
Biyunge Saimin kemutan yen Saimin kurang waras, mulane banjur reka-reka kaya wong nyemplung kali, banjur kaya wong lagim ketilem.
“Aduh Min, aku kejegur, aku ora bisa ngelangi, Haap…haap….haap… Min tulungi aku!”
Saimin mung nnlingak ngguyu terus ngomong.
“Yung, jane sapa sing mandhan gemblung?!”

Wangsulana pitakon ingn ngisor kiye!
  1. Kepriwe wateke Saimin?
  2. Kenangapa Saimin ora gelem bali?
  3. Mergane apa Saimin digoleti biyunge?
  4. Apa sing ditindakake biyunge Saimin?
  5. Apa sing njalari critandhuwur merguyokaken?
Wangsulan!
  1. Wateke mandan kurang waras.
  2. Amargi lagi mancing, sanajan asline Saimin lagi njagong tingkrang nang bangku karo nyekeli bilah.
  3. Mergane wis sore lan biyunge tresna banget karo dheweke.
  4. Reka-reka nyemplung kali, banjur kaya wong lagi ketilem.
  5. Biyunge Saimin dadi kaya wong gemblung.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA

Kelas               : X / INTI
Semester          : 1

PASIONAN 4
NGANGGO TELPON

Standar Kompetensi   :  Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan melalui berbicara, bertelepon, dan berdialog dalam rangka bahasa jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai
Kompetensi Dasar       :  Menelpon
Indikator                     : Menelpon secara santun sesuai dengan keperluan dan situasinya.

TELPON
Telpon kuwe piranthi sing nggo pranti omong-omongan. Ngomong nganggo telpon krungu suarane nanging ora weruh rupane. Ana maning telpon sing bisa nggo ngirim gambar. Nanging neng masyarakate dhewek esih akeh sing mung krungu suarane. Senajan ora weruh rupane, wong telpon ora kena sembarangan utawa sembrana kudu nganggo unggah-ungguh.
Unggah-ungguh bahasa jawa kaperang dadi telu, yakuwe ngoko, madya, lan krama. Krama diperang dadi krama lan krama inggil utawa krama alus. Basa ngoko dienggo karo wong sing padha derajat lan pangkate. Contone,ngomong utawa kandhahan karo kanca sing wis akrab.
Madya kerep diarani krama andhap utawa ngoko alus. Yakuwe dienggo karo wong sing padha tuane, wong tua maring wong enom sing esih ngajeni.
Krama inggi utawane krama alus dienggo bocah maring wong tuwa. Wong enom maring wong sing lewih tuwa, sing diajeni banget.

WACANA
NGISOR KIYE ANA KANDHAHAN KARO TELPON
Kraman           : Halo, sugeng enjang.
Atmaja                        : Halo, kula Atmaja, badhe manggihi pak Prana, niki sinten?
Kraman           : Dalem Kraman putranipun pak Prana.
Atmaja                        : Oh Kraman, bapak neng dalem ora?
Kraman           : Inggih wonten, nanging saweg siram.
Atmaja            : Lagi siram? Ya wis ora papa, aku titip pesen bae ya, diaturaken bapak, aku ora bisa lunga kondangan mengko bareng bapakmu mergane ana acara sejene.
Kraman           : Inggih pak.

SOAL!
Ukara-ukara ing ngisor kiye owahen dadi bahasa krama!
  1. Pak Atmaja telpon amarga ora bisa kondangan bareng karo bapake Kraman.
  2. Bapake Kraman wektu ditelpon lagi adus.
  3. Pak Atmaja arep kondangan ngesuk amarga ana kepentingan.
  4. Kraman ngomong bapake yen pak Atmaja ora bisa bareng konadangan.
  5. Pak Atmaja seneng nganggo telpon.

WANGSULAN !
  1. Pak Atmaja telpon amargi mboten saged konjalan sareng kalih bapake Kraman.
  2. Bapake Kraman wekdal ditelpon saweg siram.
  3. Pak Atmaja badhe konjalan ngenjang amargi wonten prepara.
  4. Kraman matur bapake menawi pak Atmaja mboten saged sareng konjalan.
  5. Pak Atmaja remen ngangge telpon.





BAHAN AJAR BAHASA JAWA

Kelas               : X / INTI
Semester          : 1

PASIONAN 5
KANDHAHAN

Standar Kompetensi   :  Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan melalui berbicara, bertelepon, dan berdialog dalam rangka bahasa jawa dengan unggah-ungguh bahasa yang sesuai
Kompetensi Dasar       :  Berdialog
Indikator                     :  Mengungkapkan dan menanggapi pembicaraan atau tanya jawab sesuai dengan konteks pembicaraan menggunakan santun bahasa.

KANDHAHAN (BERDIALOG)

Limrahipun tiyang gineman menika, kedah wonten underanipun supados mboten mambrah-mambrah ora karuan. Lan ugi ngangge unggah-ungguh supados tiyang ingkang dipun ajak gineman kraos remen manahipun.
Tuladha:
Tono    : Tini, wonten menapa menika para rawuh sami ngagem busana jawi?
Tini      : Oh, inggih. Dinten menika pengetan tanggap warsa pawiyatan beksa kusuma budaya pramila, para warga pawiyatan sami ngagem busana jawi. Ingkang putri ngagem nyamping lan kebaya, ingkang kakung bebedan.
Tono    : Agemanipun ingkang kakung kok benten-benten?
Tini      : Inggih, ageman ingkang duwung menika kawastanan atela, ageman ingkang mboten mawi duwung kawastanan beskap landhung.
Tono    : Menapa busana jawi menika sedaya wujudipun mekaten!
Tini      : Mboten, busana gragag ngayoja benten sakedik. Ageman kakung gragag ngayoja kawastanan sorjan.
Tono    : Oh, inggih. Kula sampun sumerep.

Ukara ngisor kiye owahana dadi bahasa krama!
  1. Pak Tono seneng nganggo klambi jawa.
  2. Klambi jawa model ngayoja diarani sorjan.
  3. Adine pak Tono arep umah-umah.
  4. Aku wis weruh model klambi jawa.
  5. Pak Tono arep tuku klambi neng pasar Gubug Tegal.

Wangsulan!
  1. Pak Tono remen ngagem ageman jawi.
  2. Ageman jawi model ngayoja diasmani sorjan.
  3. Rayinipun pak Tono badhe emah-emah.
  4. Kula sampun sumerep model rasukan jawi.
  5.  Pak tono badhe mundhut ageman dating peken Gubug Tegal.











BAHAN AJAR BAHASA JAWA

Kelas               : X / INTI
Semester          : 2

PASIONAN 1
NGRUNGOKNA WERTA GETHOK TULAR

Standar Kompetensi   :  Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai wacana lisan nonsastra berupa pengumuma, berita dan cerita.
Kompetensi Dasar       :  Mendengarkan berita
Indikator                     :  1. Menuliskaan pokok-pokok isi berita kedalam kalimat.
                                       2. Menyampaikan secara lisan ringkasan berita.
                                       3. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan isi berita.

BERITA
            Werta gethok tular kuwe werta sing kulina disiaraken neng radio RRI Purbalingga. Werta gethok tular nyiaraken informasi sarana bahasa jawa. Adate bahasa sing dienggo basa krama nanging basa khas Banyumasan. Umpamane tembung pog-pogan, sing bisaane nutup werta.

WERTA GETHOK TULAR RRI PURBALINGGA
Tanggal 12 Januari 2009

Kabetahan satuan pengamanan minangka salah satunggaling mitra polisi salebete pengamanan swakarsa wekdal seniki dipun raosaken dipun meningkat. Wonten tiyang 29.153 anggota satuan pengaman ing pinten-pinten organisasi, instansi, perusahaan tuin lembaga pemerintah. Bab niku dipun andaraken dipun Kapolri Jenderal Polisi Sutanto ing sambetan kaserat ingkang dipun waosaken dening kapolwil Banyumas AKBP. Imran Putra Agung enjang wau ing Purbalingga nalika mandegane upacara pengetan dinten tanggap warsa kaping 27 satpam tataran Banyumas.

SOAL:
Gawea werta gethok tular ing Purbalingga kang anyar!

WANGSULAN:
Pemerintah kabupaten Purbalingga lumantar dinas perhubungan dan pariwisata teras ngadani pembangunan pinten-pinten obyek wisata kalebet Gua Lawa. Dumateng RRI, manajer pengelola obyek wisata Gua Lawa ing desa Siwarak kecamatan Karangreja, Purbalingga, Ahmad Sobari njlentrehaken kegiatan kasebat kangge ningkataken cacah kunjungan wisatawan pramila kanthi kathahipun pangunjung kaajab saged ningkataken bulu pametu. Mligi nanggapi penyambutan warsa enggal 2009. Ahmad Sobari mretelaken pihake tanggal 1 Februari ajeng gelar gebyar dangdut kanthi artis saking Purbalingga lan jawi rangkah Purbalingga.









                                                                                                               





BAHAN AJAR BAHASA JAWA

Kelas               : X / INTI
Semester          : 2

PASIONAN 2
NGRUNGOKNA CRITAPENGALAMAN

Standar Kompetensi   :  Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai wacana lisan nonsastra berupa pengumuma, berita dan cerita.
Kompetensi Dasar       :  Mendengarkan pengalaman yang diceritakan secara langsung atau melalui rekaman.
Indikator                     :  1. Menyebutkan tokoh-tokoh dalam cerita.
                                       2. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan isi critapengalaman
                                       3. Menceritakan pengalaman yang dialami tokoh secara runtut.


CRITAPENGALAMAN
Critapengalaman rupa-rupa wujude. Ana pengalaman sing nyenengaken, ana sing nggelani, ana sing marakaken sedih lan njengkelaken. Pengalaman sing luwar bisaa adate suwe kelalene malah sokane bisa kanggo critakaro kanca-kanca yen lagi padha rubungan.
Critapengalaman uga bisa ditulis dadi critacerkak utawa uga critadawa. Ben critakuwe bisa nengsemaken mula kudu urutan sing genah, aja bolan-balen. Paragane kudu ana, ceritane nyewiji, nganggo dalan critasing tinemu ngakal, diwehi amanat utawa pelajaran kanggo wong sing ngrungokaken.

SOAL:
Gawea critacerkak utawa critasing dawa!

WANGSULAN:
SUPIR BIS MANDALA
Sepisan inyong lunga adoh maring Surabaya nampa kabar nek nak Nana babaran. Jerene bayine wadon maning. Inyong terus mbukak peta nyilih duweke putu. Tek deleng adoh melah-meluh. Ya, mangsa aku ora gutula. Sidane jam 14.00 ngadang bis Mandala jurusan Bandung-Surabaya. Jere tekan Burung Asih subuh. Bise gole mlayu jen kaya ngoyok maling. Penumpange kebek, inyong numpak neng mburi dhewek tekan Purwokerto durung ditarik ongkos! Neng terminal Purwokerto mung sedela, mestine wong wis kebek. E…… delepen ana sing gelem munggah. Jere mengko neng Purwokerto arep ana sing mudun.
“Badhe tindak pundit, jeng?!” Pitakonku maring penumpang anyar tek kon deselan karo inyong. Melas wong wadon. Nyong ora milih ayune lho, nyong dhewek wis tuwa!
“Badhe dating Klaten, Bapak badhe tindak pundit?!”
“Dhateng Surabaya.”
“Wah….tebihe.”
“Dalemipin Klaten?”
“Ajibarang, badhe tui putu wonten Surabaya.”
Kondektur marani ibu mau narik bayaran. Nyong durung bayar ya ngomong yen durung ditarik. “Kersanipun pak.” Jawabane kondektur.
“Eh ternyata sopir bise mantan muride aku. Dadi aku ora mbayar.”







0 komentar:

Posting Komentar

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More